Senin, 10 Februari 2014

Liku-Liku pahit manis

Ndewe kuwi saiki wis kroso dadi wong tuwo temanan lhor, la wong anak-anake we wis do gedhi-gedhi tur podo kuliah karo ngekos ning luar kota kabeh. Sing siji ning Bandung lha sijine ning Jogja. Tapi Alhamdulillah isik siji sing izik cilik nembe kelas telu SD. 

Mulo bukone enyonk kuwi biyen bar lulus kuliah langsung kerjo melu wong, tapi ming tak lakoni setahun tok. lha bar kuwi enyonk langsung dadi manten. 
Awal-awal bar manten karang enyonk wis kedarung mengundurkan diri kadik karyawan, enyong langsung bae nyacak dagang ning pasar nggowoni barange wong-wong. 
barang sing tak gowo sing tak jajal tak tawak-tawake ring pasar kuwi ono sing celono jeans, sarung palekat, hem karo daster batik.
Alhamdulillah teko siji iso do mlebu pasar. Trusan suwi-suwi karang jalukane pasar tambah akeh, enyonk dadi mulai nekat karo gawe clono jeans dewe, sing waktu kuwi enyonk diutangi bahan jeans-ne karo koncoku sing dipercoyo kambek pabrik. 
Clono jeans sing tak gawe dewe tak jahitke koncoku lan tak cucekke ning gon boz cucian sing podo bae koncoku dewe. 

Sakwise sepuluh tahun kerjo nganti enyonk wis expansi sampai pabrik tenun Yusatex, kemudian tiba-tiba enyonk entuk tiban gethuk kadik mantan direktur Pismatex, enyonk diundang lan pak didokoi mesin wash ning pabrik tenunku, asale pabrik tenunku nggone isik turah ombo dadi isih sedeng nek didokoi mesin wash Laundry rong set. Tapi nganggo catetatan nek anake direkture kuwi dipeloake kerja sama.

Akhire barang rong tahun tiba-tiba enyonk dikon njujuli mesine, Langsung tak luroake utangan ning bank, tapi karang. enyonk kuwi wong cilik akhire entuk utangane soko lembaga keuangan non bank yo kuwi koperasi simpan pinjam Jasa Pekalongan, jaminan sing tak nggo nyilih kee wong tuwoku dewe.

Alhamdulillah telong tahun kemudian iso lunas. Trus saikine mesin wash laundry sing rong set kuwi wis keku dewe. Karang pabrik tenune wis ora menghasilkan trus mesin tenune tak dol kabeh. Duite tak tukoake mesin wash 1 set meneh, dadi komplit mangklihe ono telong set, tur luwih tak kompliti sisan mangklihe tambah apik, tur bangunane mbarang tak ganti nduwurane sing maune nganggo seng saikine tak ganti nganggo asbes.

Waktu mesin tenune tak dol enyonk dobae karo nacak gawe batik daster sitikan, tapi suwi-suwi karang pasare tambah oke nhang mangklihe tak gedeni, tur ketoane bintang terange sing tak rasaake luwih padang ning batik, akhire barang pabrik washe wis tak jalaake dewe telong tahun setengah nhang mangklihe seko tak kontraake karo koncoku meneh, nganti saiki koncoku ngontrake wis 11 tahun. Lha aku selama 11 tahun kuwi gawe batik daster wanita tambah oke lan tak tekuni temenan wis nganti akhir hayatku.

Waktu awal-awal gawe batik enyonk karo gawe EO event organizer MCM Pekalongan, Saking senenge enyonk ning dunia otomotif tak lakoni 7 tahun total nganaake balapan motor Road Race nganti ping 18 wolulas ditambah motorcross sepisan. dadi total ping songolas. mulai 2001 nganti 2008. 

Lha waktu seneng nganaake balapan motor karang wis kadung nduwe komunitas anak muda nhang mangklihe enyonk nambah gawean maning karo gawe studio musik, gawene loro. karo nyambi nganaake even band koyo parade band karo festival band antar remaja tingkat SMA.
Alhamdulillah nganti saiki sing biso bertahan studio musike ming siji tok, asale kebijakan pemerintah daerah karo kepolisian nek nganaake balapan karo band wis angel, mulaine goro goro band UNGU main konser band ning kecamatan kedungwuni sing ndelok mbludag nganti akhire lapangane ora kamot, nhang mangklihe sing podo ndelok meh metu karo sing ning njobo podo meh mlebu berdesakan nganti mateni wong sepuluh. Nah mangklihe perizinan keramaian dipersulit. Tur walikotane sing anyar iki yo suker karo band band-an. 
Akhire cah-cah sing maune podo seneng ngeband nhang ora tersalur. Dadi jare cah-cahe nggopo wong ming latihan band tok ning studio musik tapi ora tahu iso ekspresi ning panggung. 
Akhirul kalame studio sing pertahanke ming siji. 

Dadi waktu nenun karo gawe laundry, trus laundri karo batik karo EO. Lah saiki Laundri dikontrake karo batik tetep exsis lan studio musik.

Nek dipikir pikir pancen sing arane gawean sing judule nyambot gawe dewe kuwi pancen kudu dicacaki kabeh reko reko, sebabe nek ora dicacak kuwi musti ora bakal weruh liane, la bar weruh liane maka sing paling sreg yo ditekuni nganti akhir hayat.

Cukup sakmene bae ulasan pahit manis sing tau tak lakoni enyonk dewe.

Aneka lika liku pahit manis sing wis tak urutake :

1. 1988 Lulus FE Univ Jayabaya Jkt
2. 1988 - 1989 karyawan PT Sanggar Catur Utama Jkt
3. 1989 - 1991 Memulai solo carreer dagang hingga mendirikan Pabrik Tenun Yusatex
4. 1991 - 1997 Pengurus Koperasi Batik Pekajangan, merangkap Pengurus Koperasi Persatuan Pengusaha Tekstil Pekalongan merangkap Pengurus Apindo Jateng, merangkap pengurus muhammadiyah Pekajangan bidang Ekonomi
5. 1997 - 1998 Devaluasi dari $1 = Rp 2.400 s/d Rp 15.000 buka warung makan Istimewa
6. 1998 - 1999 Dagang Benang & kontrak pabrik benang PT. Panca Hasta Jogja
7. 1999 - 2001 memperluas usaha celana Jeans Mega Grade dan industri vcd musik dangdut kampung
8. 2001 expansi pabrik Tenun Yusatex ditambah Laundry MG dan buka Counter HP ditambah expansi ke EO event organizer Road Race & musik
9. 2003 Yusatex berganti total dengan Laundry
10. 2005 Counter HP tutup dengan expansi mendirikan studio musik
11. 2004 - kini Pabrik Laundry disewakan dan expansi produksi batik
12. kini Produksi batik, studio musik, menyewakan Pabrik Laundry dan e-commerce via internet.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar